Ageng
Wonoboyo
Rikala semana mbiyen ing deso Mangir
wonten satunggaling tiyang ingkang dikormati, deweke gadahi salah satunggaling
pusaka sakti ingkang wujudipun kados lading.
Saben tahun warga Mangir ngawontenaken upacara
resik deso, supados gadahi ketentreman ugo dipun tebihaken saking bencana.
Mekaten ugi ing tahun punika, dungkap
titilaksana upacara menika para warga nata sedaya piranti kebutuhan.
Tiyang jaler lan setri anggadahi gawean
piambak-piambak, karana bade ngawontenaken satunggaling tontonan wayang kulit.
Ing salah sawijining dina ana
satunggaling priyai ayu ingkang asmanipun Sariti nemoni Ki Ageng Wonoboyo ing
kademangan.
“Ana perlu apa nduk?” pitakone Ki Ageng.
Sariti: “kulo dipun aturi salah
satunggaling ibu nyambut lading kagunganipun Ki Ageng.”
Ki Ageng Wonoboyo meneng sawetara,
banjur takon:
“Kanggo apa, apa ora ing pawon wes ana
lading - lading sing liya kanggo keperluan?”
Sariti: “leres Ki, ananging ingkang
dipun butuhaken menika lading kagunganipun Ki Ageng kagem syarat upacara.
Ki Ageng banjur ngadek saka anggone
lungguh lan mlaku mlebu menyang kamar. Ora suwi deweke metu lan gawa sak
bungkus kain putih.
“Kowe oleh gawa lading iki ananging kudu
ati-ati lan ojo pisan-pisan diselehke ing duwur pangkonmu, “ngendikani Ki Ageng
kanthi wanti-wanti.
Sariti: “Kengeng menapa Ki?”
Ki Ageng: “Amargo kowe isih perawan.
Mula iling-ilingen welingku iki.”
Sariti: “Sendika Ki, bade kula turuti.”
Ki Ageng Wonoboyo marengke pusakane lan
kanti ati-ati sangat Sariti nampa pusaka menika lajeng pamit budal saka
kademangan.
Sariti banjur menyang pawon, sawese
tekan pawon ana salahsawijining rencange jalok ditulungi.
“Sariti, ewangi aku sadilit wae,”
Sariti: “Enten menapa mbok Rusti?”
Mbok Rusti: “tulung ewangi aku bungkus
roti iki ben ceper rampung banjur garap liane.”
Sariti”Ananging........”
“Wes sadilit wae,”
Sariti kapeksa ngewangi Mbok Rusti
bungkus roti mau ngnggo godong gedang.
“Kok katah sanget mbok?” Takone Sariti.
Mbok Rusti: “mulo kuwi aku jalok tulung
kowe.”
amarga repot Sariti lali Marang welinge
Ki Angeng Wonoboyo lan tanpa sadar lading pusaka itu diselehake ing duwur
pangkone.
sawise gawean iku rampung, Sariti pamit
bade marengke lading mau marang ibu ing pawon.
Ananging Sariti kaget rikala ngerti yen
lading sing diselekake ing pangkone wes musna.
“Ana apa nduk?” Takone Mbok Rusti.
“Menapa Mbok ningali lading ingkang
dipun bungkus kain putih kala wau?”
Mbok Rusti: “Lading sing endi, kowe teka
ora gawa lading?”
Sariti: “Bungkusan kain putih ingkang
kula beta kala wau.”
Mbok Rusti: “Apa ora mau enek ing
pangkonmu.”
Kaya krungu gluduk ing wanci awan Sariti
banjur pucet lan lemes. Deweke kelingan marang welinge Ki Ageng Wonoboyo, yen
pusaka seng bentuke lading iku ora intuk diselehke ing duwur pangkone wong
setri sing iseh perawan.
Sariti keweden amarga ora sengaja wis
ngelanggar welinge sing duwe pusaka. Sariti gemeteran, banjur tibo ora sadar.
kahanan ing pawon dadi kisruh, Mbok
Rusti bengok delok Sariti semaput. Deweke banjur jaluk ulung nang warga.
Sawise
diwenehi ngerti yen bocah prawane semaput, Ki Taliwongso langsung mlayu lungo
nang pawon.
“Ngopo
anakku iso semaput?” takon wong tuane marang warga sing penasaran ana ing kana.
Mbok
Rusti menehi ngerti sing nyebabne Sariti semaput. Ki Taliwongso kaget, sawise
ngomong.
“Dadi
pusaka kuwi wis mlebu nang jero wetenge anakku. Aku kudu menehi ngerti Ki Ageng
Wonoboyo.”
Wong
lanang tua iku lungo nang Kademangan karo ngelaporne kahanan sing nimpa anake
marang Ki Wonoboyo.
“Sabar
wae Ki, nasib kuwi wis dadi kinarise Kuasa.”
Ki
Taliwongso: “Aku ora ngerti, ngapa Ki Ageng anteng-anteng wae. Terus kepiye
nasibe anakku?”
Ki
Wonoboyo: “Ara usah susah, anakmu ora apa-apa lan aku ora bakal meneng wae.
Ki
Taliwongso: “Nanging wonge ora sadar, kuwi kudu ndang ditulung.”
Ki
Wonoboyo: “Wonge mau kaget banget lan banjur keweden mergo nglalikne welinganku.
Dadine lading sing digawa mlebu nang jero weteng malih dadi bayi.”
Ki
Taliwongso: “Dadi anakku meteng?”
Ki
Wonoboyo: “Iya!”
Koyo
disamber bledek Ki Taliwongso krungu omongane Ki Wonoboyo.
“Iki
bener-bener aib sing ngisin-ngisini tenan, kepiye wong ngomong yen anakku sing
durung duwe bojo moro-moro meteng?”pitakon Ki Taliwongso.
Ki
Wonoboyo ngroso plong, sawise netepake tanggal kawinane anake yo bebarengan
karo teges desa.
Sabubarane
tegas desa karo kawinane, Ki Wonoboyo intuk wangsit supoyo tapa nang gua.
Sariti kabotan yen dadi manten anyar kudu ditinggal bojone, apa maneh pas
kahanan meteng.
Nanging
Ki Wonoboyo ngekeki pengerten yen luwih penting masyarakat ketimbang urusan
dewe.
Sariti
akhire sadar lan ngijinke lungane bojone sing meh tapa. Sawise Ki Ageng
Wonoboyo merintah salahsiji bature dadi wakil urusan kademangan sasuwene
ditinggalke.
Dina-dina
terus mlaku nganti ora kroso, sawise genep umur kandungane lan ngepasi bulan
purnama sing panggone ning tengah cakrawala maro-mora krungu suara gluduk.
Bebarengan
karo suara kui moro-moro wetenge sariti keroso lara gak suwe Sariti ngelahire
jabang bayi.
Kademangan
dados gempar samenika, amerga bayi ingkang dilahirne awujud ulo. Ki Taliwingso
isin sanget lan mboten saget ngelakokne napa-napa, lan menika para sadulure.
Nanging
Sariti tetep ayem lan ketok mboten gelo karo lahire bayine. Ulo iku diambungi
koyo dene cah bayi sing isih cilik.
Ora
suwe maneh ulo iu lekas rewel nyuwun panganan.
“Mbok
Sani: “Aduh, panganane punopo Ning?”
Sariti:
“Jipukno pitik utowo mentok nang kandang.”
Bocah
wedon iku kesusu lungo menyang mburi omah arep nangkep pitik, terus diawehke
ning majikane.
Sawise
pitike diawehake, mula si ulo mesti jaluk panganan awujud pitik utowo mentok.
Saka
wulan ke wulan dadi tahun, anak Sariti dadi gedelan iso ngomong kaya bocah.
Ing
wengi menika sing adem Sariti ketok nelangsa lan lungguh nang jero kamare. Si
ulo ora tega ngingeti ibune, deweke kados takon.
“Ibu,
kengeng menapa awakmu nelangsa?”
Sariti:
“Oh, anakku. Uwes semene suwene bapakmu durung krungu kabare.”
Ulo:
“Bapakku, berarti aku duwe bapak?”
Sariti:
“Bener anakku. Bapakmu kuwi sesepuh ning Kademangan iki.”
Ulo:
“Nangend saiki wonge bu?”
Sariti
cerita bab Ki Wonoboyo secara dawa, saenggo gawe si ulo dadi pengen nemoni.
Ulo:
“Ibu ijinke aku nemoni bapakku sing ijek tapa.
Sariti:
“Aja anakku, aku kwatir kowe bakal cilaka lan kesasar nang dalan.”
Ulo:
“Aku wes gede ibu, percaya aku tetep bakalan balek bareng bapak.”
Sariti
meneng sediluk lan ketok wonge mikir arep ngewahi ijin apa ora?
Ulo:
“Kepiye ibu, ora mesake karo aku?”
Sariti:
“Iyalah anakku, iku ijinke kowe goleki bapakmu. nanging sak durunge lunga, aku
bakal ngewahi kowe jeneng Baru Klinting.”
Si
ulo ketara seneng banget sakbare diwehi jeneng Baru Klinting.
“Matursuwun
ibu, saiki aku wis duwe jeneng kaya bocah-bocah sing liya,”
Pas
bengine Baru Kelinting pamitan lunga goleki bapake, wonge ninggalake Kademangan
nuju Kali Proga.
Pas
wetenge krasa luwe, Baru Klinting nyeburke awake nang jero kali gawe golek
iwak.
Sakabehe
awake mlebu nang banyu moro-moro ana kedadihan seng aneh, ulo maleh dadi naga
seng gede.
Baru
Kelinting wujude kaya singa, moto lorone bunder kaya srengenge lan duwe tanduk
kaya rusa lanang. Kabeh awake obah nimbulake lindu sehingga iso ganggu
lingungan.
Sadurunge
pitik iso ngewarekake weteng Baru Klinting saksuwene seminggu, nanging sawise
jelma maleh dadi naga dadine sepisan mangan ngebutuhae puluh-puluhan pitik.
Sehingga uwong-uwong ora wani ados lan
ngumbah klambi amergi wedi kegawa arus.
Kanggo
gaweane golek iwak, dadi uwong-uwong kudu kecewa amerga ora ana maneh seng
dicekel.
“Aneh,
lagi pirang dina iki ora ana iwak sijipun sing iso dicekel,”
“Aku
ora reti, kenapa banyu kali iki mesti ngombak kaya ana lindu.”
Wong
loro seng golek iwak iku ora reti nek neng jero kali enek naga seng kelaperan.
Ngepasi
wong loro iku golek sebabe banyu kali ngombak lan ora suwe maneh metu saka jero
sirah kewan sing durung pernah dingerteni.
“Sing
Mbaurekso kali metu!” salah siji mbengok.
Wong
loro sing golek iwak iku kaget lan mlayu nyelamatke awak, ananging nasibe
kurang apik. Karana luweh nyaplok wong loro iku.
Mula
bar iku baru Klinting ora mung mangankewan, ananging uga manungsa. Sehingga
wujude awake saya gedhe lan dawa.
Naga
sing mangan gawe warga desa dad keweden, ditambahi maneh ngerti yen ana wargane
sing ilang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar